Kelangan kakang

Kelangan kakang
dening Wiwit Budiarti

Kemerlip padhange wulan
kemerlip cahyane lintang
saya wengi saya padhang
Saya suwe aku nyawang
saya kelingan maring masku sayang
kang adoh ana ing rantau

Mengkelung plepahe gedhang
kaya atiku sing lagi mlepes
kuru awaku, bingung atiku
kaya welut adoh saking banyu
Melung monine perkutut
kaya-kaya ngambarake atiku kang nangis kelangan kakang
gludak ………..pyar.!!!!!!!!
waduh gelasku tiba kesenggol kucing
petandha apa iki maring kakangku

Duh wulan lan lintang
duh robi lan gusti
duh kakangku sayang
cepetan awakmu bali

Aku neng kene rindu menanti

Tinggalkan komentar