Legenda ing Pemalang

Legendha Desa Banyu Mudal

Kacarita dhuk nalika jaman Mataram panguwasane Sultan Agung Hanyakrakusuma, ana sawijining panggonan kang adoh saka ramening kutha praja, ana sawijining wanodya ayu sesulih Rara Juminten. Yen cinandra wanodya mau wah jan kurang tembung anggone arep nyandra, rikmane ngandhan-andhan, pakulitane kuning nemu giring, mripate damar kanginan,  pasuryane ayu pisan. Panganggone nyamping bathik, slendhang pangsi kang direnggani peniti, kalung, subang, gelang lan binggel kabeh sarwa emas, prasasat kaya dene widodari kang mudhun saka kahyangan.

Wis ayu rupane Rara Juminten uga klebu wanodya kang grapayak semanak, karo sapa bae tansah aweh tetulung. Dheweke duwe kaluwihan tansah kecukupan kabutuhan banyune, senajan ketiga dawa ngenthak pisan.

Sawijining dina para warga nekani Rara Juminten, pamrihe njaluk tulung supaya Rara Juminten gelem mbiyantu nudhuhake sumber tuk banyu supaya warga ora padha ngalami kurang banyu. Banjur semedi telung dina suwene Rara Juminten oleh wangsit saka Dewi Rantansari. Isining wisik warga desa bisa oleh banyu kanthi syarat werna telu, sepisan  srana ngorbanake jejaka kang umure isih mudha taruna kang disebut  bujang kumala jengking, Rara Juminten njaluk supaya kurbane mau diganti kebo lan ditrima, syarat kapindho nyepakake rujak polo, iki uga ditulak lan dijoli bubur sunsum diwenehi gula Jawa 40 takir. Syarat kaping telune perawan sunthi banjur diganti ayam kang isih kumadara warna putih.

Upacara sesaji kanggo ngleksanakake panjaluke Dewi Rantansari diwiwiti ing panggonan kang wis ditentokake. Kebo disembelih daginge dijupuki sithik mbaka sithik banjur digule srana bumbu rujak wuni. Uga tumpeng damar murub, yaiku tumpeng kang ndhuwur pucuke sing lancip ditancepi sate diwenehi rerenggan brambang abang lan lombok abang 40 iji, jajan pasar arupa gedhang pitung warna, gantal (kinang ayu) kanthi sisik kuning 40 iji, kembang cepaka 40 iji, kecokbang, arang-arang kambang, bulus angrem sarta sawenehe omben kayata: jembawuk, kopi bubuk, kopi polong, teh diyang, godhong srep, jampang piyas, degan, rokok, lan dupa. Kabeh sesaji mau diwadhahi ing tampah dilemeki kain putih. Dene para wong lanang gawe pring dilancipi utawa digranggrang.

Kabeh warga rame-rame nggawa sesaji menyang panggonan kang ditudhuhake dening Rara Juminten. Para wong lanang padha ngrangrang  lan ing panggonan kang dipendhemi ndhas kebo mau metu tuke. Saya suwe tuk mau saya gedhe banyune kang mili akeh kaya kali saking bantere iline tuk nganti banyune medal mudal. Saka kedaden iku ing panggonan metune banyu banjur kawentar minangka desa banyu mudal dene panggonan iline banyu kang digranggrang mau kawentar minangka kali Granggrang.

(Jarwan bebas saka Pemalang Post Mei 2005)

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s