PIDATO KETUA OSIS ING ACARA PERPISAHAN KELAS

Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kula bekteni,
Bapak Ibu guru ingkang dahat kinabekten
Raka kelas sanga ingkang kula tresnani.
Pudya puji pudyastuti katur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun angluberaken rahmat sarta hidayah dhumateng kula panjenengan sami.
Raka kelas sanga ingkang kula tresnani ingkang skedhap malih badhe nilaraken bangku pawiyatan ing SMP menika. Awrat sejatosipun kula minangka wakilipun kelas pitu lan kelas wolu anggen kula ngaturaken panampi atur perpisahan saking raka kelas sanga. Awit, raka kelas sanga ingkang sampun kula anggep sedherek piyambak. Samenika badhe oncat saking SMP. Nanging kados pundit malih ingkang sampun kaaturaken wakil raka kelas sanga bilih wonten pepanggihan temtu badhe wonten pepisahan. Jer kula panjenengan sami namung manungsa limrah mboten kuwawa nyelaki pepestening dumadi.
Raka kelas sanga, kula ngraosaken bingah dene panjenengan sampun kasil medal saking SMP menika kanthi nganthongi ijasah, saengga kula boten kuwawa nggondheli malih anggen panjenengan nglajengaken pasinaon wonten SMA.
Raka kelas sanga igkang kula tresnani, kula sakanca tansah ngatuaken sewu matur nuwun panjenengan kersa paring pitedhah dhumateng rayi kelas pitu lan kelas wolu. Kula sakanca boten saged atur pinwales menapa-menapa naming atur pudya pudyastuti wonten ngarsane Penmgean mugi sedaya kesaenan panjenengan angsal pinwales ingkang samurwat saking Gusti Ingkang Murbeng Dumadi. Mugi-mugi ingkang gadhah angkah badhe nglajengaken sekolah SMA saged katampi ing sekolah ingkang dipunremeni. Kula sakanca nyuwun pangapunten ingkang kathah, bokbilih anggenipun srawung kaliyan raka kelas sanga kirang angggenipun subasita tuwin tata karma.
Wasana kula cekapi atur panampi pamitan menika menawi wonten kiranging atur kula tansah nyuwun gunging pangaksama.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
Nuwun

DUMADINE DESA BANYU MUDAL

Kacarita nalika Sultan Agung Hanyakrakusuma ngasta punjere Mataram, ing sawijining panggonan kang adoh saka ramening kutha praja, ana wanodya ayu sesulih Rara Juminten. Wanodya mau yen dicandra, wah…. bebasan kurang candra turah rupa. Rikmane ngandhan-andhan, pakulitane nemu giring, netrane ndamar kanginan, pasuryane ayu pisan. Panganggone nyamping batik, slendhang pangsi kang direnggani peniti, kalung, giwang, gelang lan binggel kabeh sarwa emas, prasasat kaya dene widodari kang mudhun saka kahyangan.
Wis ayu rupane Rara Juminten uga kalebu wanodya sing grapyak semanak, karo sapa bae seneng tetulung. Eloke, Rara Juminten duwe kaluwihan, yaiku tansah kecukupan kabutuhane banyu sanajan ing mangsa ketiga dawa pisan. Mula para warga kepengin bisa kaya dheweke. Wusanane para warga nekani Rara Juminten lan ngandhakake apa sing dadi gembolaning atine. Kanthi kebak trapsila Rara Juminten manggakake rawuhe tamu-tamune.
“ Den Rara Juminten, anggen kula keraya-raya ngriki badhe nyuwun pitulungan teng panjenengan, kersaa mbiyantu “ ujare sesepuhe warga.
“ Pitulungan ingkang kadospundi, Bapa. Saupami kula saged mbiyantu temtu manah kula remen sanget, “ ature Rara Juminten kanthi alus manuhara, gawe sengseme sing padha rawuh.
“ Ngaten, para warga kepengin dituduhaken tuk sumbering toya, saengga yen mangsa ketiga boten kasatan toya kados niki. “
“ O, mekaten kersanipun. Inggih, Bapa, kula mangke badhe ngupaya supados para sadherek ing ngriki saged pikantuk sumber ingkang ageng, ingkang nyekapi sedaya kabetahan toya warga ngriki. Kula nyuwun wekdal sawetawis, Bapa, mugi-mugi gegayuhanipun para warga saged kasembadan. Nyuwun pangestunipun, ” ature Rara Juminten. Para warga rumangsa lega krungu kasaguhane wanita kuwi.
Rara Juminten banjur semedi telung dina suwene. Jroning semedi mau dheweke oleh wangsit saka Dewi Rantansari. Sabanjure dheweke nglumpukake para warga saperlu ngrembug apa asile semedi mau.
“ Para sadherek ingkang kula tresnani, sasampunipun kula nglampahi semedi, kula pikantuk wisik saking Dewi Rantansari. Isinipun, kita sedaya saged pikantuk sumber toya ingkang ageng, nanging……… “ tembunge kandheg.
“ Nanging pripun….. ? “ sumaure para warga ora sabar.
“ Wonten pituwasipun, para sadherek… radi awrat. Kita kedah purun nglampahi menawi kepengin kasil !” wangsulane Rara Juminten.
“ Wis, apa bae wis, sing penting bisa duwe sumber banyu. “ Para warga saut-sautan sumaur.
“ Cobi, kula badhe njlentrehaken menapa ingkang dipunkersakaken Sang Dewi. Sedaya kersaa midhangetaken !” Krungu tembunge Rara Juminten kabeh pada meneng, kepengin ngerti apa sing arep diandharake.
“ Sang Dewi kagungan pamundhut tigang werni. Sepisan kita kedah ngurbanaken jaka kumalajengking, inggih menika jejaka ingkang taksih mudha tumaruna…….. “ ature alon. Para warga padha njomblak krungu ature Rara Juminten.
“ Wadhuh…. lha kok nganggo kurban barang ? Ya ora bisa. Terus sapa sing didadekake korban ! “ wong-wong padha pating klesik munggel omongane wanita iku..
“ Pripun niku, Den Rara, kok ngangge kados ngaten. Boten saged, melasi sing dados korban. “ ujare sesepuh desa. Rara Juminten mesem ngujiwat.
“ Boten sisah kuwatos, Bapa. Kula wau dereng rampung matur. Kula ugi boten tegel menawi kedah wonten korban. Mila kula lajeng nyuwun supados korbanipun dipun gantos mawi maesa. Dipunparengaken, Bapa.”
“ Wah…. puji sokur amargi saged dipun gantos. Matur nuwun Den Rara…!”
“ Dereng rampung sadherek, kaping kalihipun, kedah nyawisaken rujak polo….. Sekedhap, sampun dipunpunggel, menika ugi kula suwun dipun gantos ngangge bubur sungsum dipunsukani juruh gendhis jawi kathahipun 40 takir. Lajeng pungkasan inggih ingkang kaping tiganipun, ngurbanaken prawan sunthi, kula suwunaken saged dipun gantos ngangge ayam kumadara ules pethak. Sedaya panyuwunan kula kangge nggantos sesaji dipuntampi, Bapa, “ ature Rara Juminten kanthi praupan sing bungah.
“ Dhuh Gusti Allah…. gunging panuwun dene Panjenengan sampun paring pitulungan kanthi lantaran wanita utami inggih menika Rara Juminten…… “ bapa tuwa iku mundhuk-mundhuk ngaturake panuwun, nanging terus diaturi ngadeg dening Rara Juminten.
“ Boten sisah kados ngaten, tiyang gesang pancen kedah tulung- tinulung, Bapa. Kula remen saged mbiyantu sadherek sedaya. Mangga, sampun kedangon, enggal kita ayahi sesarengan !”
Upacara sesaji kanggo ngleksanakake pamundhute Dewi Rantansari diwiwiti ing panggonan sing wis ditemtokake. Kebo dibeleh, daginge diirisi mbaka sethithik banjur digule srana bumbu rujak wuni. Uga tumpeng damar murub, yaiku tumpeng sing ing pucuke ditancepi brambang abang lan lombok abang 40 iji, jajan pasar arupa gedhang pitung warna, gantal ( kinang ayu ) kanthi sisik kuning 40 iji, kecokbang, arang-arang kambang, bulus angrem sarta sawenehe omben kayata: jembawuk, kopi bubuk, kopi polong, teh diyang, godhong srep, jampang piyas, degan, rokok, lan dupa. Kabeh sesaji mau diwadhahi ing tampah dilemeki kain putih. Dene para wong lanang gawe pring dilancipi utawa digranggang.
Kabeh warga rame-rame nggawa sesaji menyang panggonan sing dituduhake Rara Juminten. Para wong lanang padha nggranggang lan ing panggonan kang dipendhemi endhas kebo mau banjur metu tuke. Saya suwe tuk mau saya gedhe, banyu sing mili saya akeh kaya kali. Saking bantere iline tuk nganti banyune mudhal-mudhal. Saka kedadean iku ing panggonan metune banyu mau banjur kawentar minangka Desa BANYU MUDAL, dene panggonan iline banyu kang digranggang mau kawentar minangka Kali GRANGGRANG.

( Jarwan bebas saka Pemalang Post, Mei 2005 )

Rara Jonggrang

Legenda ”Rara Jonggrang” ( Candi Sewu )
Kacarita prabu Damarmaya dalah ingkang garwa Dewi Candrawati,ratu wicaksana berbudi bawaleksana. Para kawulane tansah sumuyud, sumanggem lan samadya samubarang karya.
Nuju ing dina pasewakan pepak nayakaning praja, ketekan tamu tanpa kanyana.
Kaget sang prabu mulat tamune , ing batin ngunandika : sapa baya tamu iki.Nitik sandhang penganggone dudu kawula lumprah, nanging nudhuhke wewatekane kang kasar ngongasake kasudibyane.
“ He, Kisanak, sapa baya aranmu, saka ngendi, lan ngemu karep apa dene teka ing paseban,” mangkono ngendikane Sang Prabu bareng wis satata lungguh.
“Jenengku Prabu Gupala saka negara Wanasegara. Tekaku ing Pengging kene ngemu karep nedya ngudan-udan sore marang Dyah Ayu Dewi Candrawati.”
Dheg! Dhadhane Prabu Damarmaya rasane kaya kebledhosan bom sewu, nganti sawetara ora kewetu ngendikane.
“Piye Sang Prabu? Candrawati dadi garwaku. Dadi prameswari ing Wanasegara, sugih bandha-bandhu dhasar sekti ora tedhas pluru, “sambunge Prabu Gupala ora sabar karo lakak-lakak.
“Hem…Prabu Gupala, ngertia yen Dewi Candrawati iku garwaku, malah saiki wis nggarbini.”
“Ah! Kapan olehe dadi nganten aku ora nekseni lan ora ngesahake. Mula senajan wis meteng, aku tetep gelem nampa wong ayu kuwi. Dene yen ora entuk, arep dakgawe karang abang. Pengging dakbyuki bathang sayuta.”
Sang Prabu Damarmaya entek kesabarane menyat ngendika semu duka.
“We, lha dudu karepe dhewe iki. Prabu Gupala pranyata murang tata. Bebasan sadumuk bathuk senyari bumi takbelani tekaning pati. Prabu Gupala aja ngatonake lanang dhewe.
Entenana blabar kawat, yen pancen nantang pati.”
Prabu Gupala metu, sumusul prajurit Wanasegara sing wis siyaga ing njaban kraton. Sang Prabu Damarmaya paring prentah marang rekyana patih supaya enggal siyaga gelar sepapan ngadhepi prajurit Wanasegara. Bubar paring wangsit marang ingkang garwa banjur budhalan.
`Kocap anggone padha peperangan durung ana tandha-tandha sing kalah utawa menang.Dewi Candrawati kang ana kedhaton nglairake jabang bayi kakung.Para emban ora ana sing kuat mbopong marga saka abot banget.Eling wangsite kakunge, Dewi Candrawati nggendhong putrane kang nedya disusulke ramane ing palagan.Tekane tinampa sang prabu Damarmaya kanthi gembiraning galih, kang banjur maringi asma “Bandung”.
“He Bandung,kowe mbesuk bakal dadi satriya pinunjul,” ngendikane karo mbopong putrane.Nanging sepira kagete, bareng Bandung ilang musna saka astane.Prabu Damarmaya kekarone padha tangisan nggetuni. Wiwit kuwi prabu Damarmaya ngumumake marang para kawulane aja nganti nyawung bayi.
Prabu Gupala ngguyu lakak-lakak bisa nggrebut bayi saka mungsuhe tanpa kaweruhan.
“Yen bayi iki mati, Damarmaya tansah nggetuni. Akhire perange mesti kalah.Yoh aja takon dosamu.”
Bandung dicandhak sikile loro pisan, disabetake ing watu, pres ! Njur banting,Breg!
“Modar kowe Bandung,sadhela engkas bapamu nusul,” pembengoke karo malang kadhak.
Sepira kagete prabu Gupala weruh bayi tetep wutuh, malah ngguyu kaya dililing.Prabu Gupala ngambali maneh bayi di banting marambah.Anehe saben dibanting, awake Bandung saya mundhak gedhene.
Meruhi kahanan kaya ngono Prabu Gupala tansah muntab napsune.sedyane bayi arep diuntal ben mati digawe jamu awake. Saka rumangsane Prabu Gupala,Bandung wis dadi jamu.Nanging wektu iku Bandung disaut utusane Dewa kang banjur makayangan.
Ana ing kayangan malah kaparingan aji jaya kawijayan dening para Dewa. Jenenge diimbuhi Bandawasa kadhawuhan mulih menyang pengging ngadep wong tuane.
“Bocah bagus, sapa sejatine sira iku, saka ngendi lan ana karep apa ?” Bandung Bandawasa kaget, ora ngira yen ramane kaya ngono. Mula semu gragapan matur kanthi sumungkem.
“Kula Bandung Bandawasa, putranipun kenjeng Rama Prabu Damarmaya kaliyan Ibu Candrawati ing pengging.” Prabu Damarmaya ndomblong karo mirsani garwane. Eling nalika semana nate kagungan putra kang wis musna. Dene saiki bocah enom ngaku putrane apa iya apa dudu dadi emang panggalihe.
“Bandung Bandawasa, nalika semana aku nate duwe putra, nanging musna saka astaku nalika dakbopong. Ewasemono aja sumelang. Lamun bisa nyirep peperangan iki kanthi mikut Prabu Gupala ateges sira putraku. Nanging yen ora bisa, sira sun pratapi paukuman pati.”
Bandung Bandawasa sumanggem banjur budhal kanti nyuwun pangastu. Gancaring crita Bandung Bandawasa klakon adhep-adhepan lawan Prabu Gupala.
“Heh, Bocah Bagus luwih becik muliha. Bapakmu ora bisa ngalahke aja maneh kowe.”
“Nanging aku kecongah mateni kowe kang wis gawe rusake pengging.”
“O, Ho- babo.Iki wong dhugdeng samaladheng. Dibondhem mendat ditumbak mlenthong.Apa meneh Bandung, takremet dadi glepung.”
Durung meneng olehe kumecap tangane kiwa kumlawe njotos pilingan. Sing jots endha, trengginas tangan tengen nylonong pener irung karo sikil ndugang. Bandung Bandawasa mundur sejangkah , tangane nothok polok. Swarane kaya mbanting bathok. Prabu Gupala pringisan rumangsa disepelekake.
Prabu Gupala oleh kalodhangan, siskile tengen ndugang lempeng sakayange. Kedadak sikil kiwa kepleset. Luput panendhange, Prabu Gupala tiba krengkengan. Panggonan iku katelah Desa Watu Lunyu.
Prabu Gupala mundhur, Bandung Bandawasa ngoyak. Ora ngerti sikile Bandung Bandawasa kajeglong ing jugangan. Kang banjur katelah Desa Jeglong.
Prabu Gupala kena diruket, banjur keket padha bantingan. Nanging Prabu Gupala kalah rosa, kena didengkek, nganti sambat ngaru ara, nangis. Eluhi netes lemah banjut dadi kali, aran Kali Dengkeng.
Tangange Prabu Gupala diunter nganti tugel, dibuwang ngalor tekan Jepara. Mula wong Jepara baud ngukir.
Sirahe Prabu Gupala dibanting pecah, polone dibuang ngidul dadi Gunung Kapur.
Bandung Bandawasa sing bisa mateni Prabu Gupala bablas menyang Kraton Wanasegara. Tujuane arep ngrusak kraton, nanging bareng weruh wanodya atine gunjing. Kenepsone lerem malih dadi kesengsem marang kasulistyane. Gandrung-gandrung kapiluyu, ora sida ngrusak nanging arep nggarwa marang wanodya ayu.
“Ee, Nini Sulistya sapa jenengmu?” panyapane Bandung Bandawasa semu kaku.
“Aku Rara Jonggrang adine Prabu Gupala sing ngganti panguwasa sajroning Kakang Gupala ngayahi peperangan.”
“Ngertiya yen kakangmu wis mati ing palagan. Mula kowe wae takboyong menyang Pengging pinangka dadi garwaku.”
“Aja keladuk pangucap, aku iki dudu wanita murahan.”
Krungu wangsulan sengak, Bandung Bandawasa ora nesu, nanging tetep ngrerepa murih gelema dadi garwane. Nadyan njaluk apa bakal dituruti.
“Bandung, aku gelem kokpek angger bisa mundhutake anting-antingku sing kecemplung sumur.”
Entuk wangsulan kaya ngono, ora ngira marang paekaning liyan Bandung nyaguhi tanpa nalar lan petung. Amung ngeboti katresnan Bandung Bandawasa klakon nyemplung sumur nggoleki anting-anting kang sanyatane ora ana. Malah sumure diurug saka dhuwur.
Bandung Bandawasa ngrasa yen dipaeka, age-age gawe trowongan kanggo dalan metu, supaya ora mati kurugan. Trowongan njedhul Parangtritis, guwa sing kangge metu diarani Guwa Langse.
Bandung Bandawasa mara maneh menyang Wanasegara. Rara Jonggrang kaget len geter. Kanggo nutupi rasa getere nuduhake ulat manis lan kewetu tembunge mancing.
“O, Kakang, pancen wis dadi pesthine yen aku dadi garwamu. Nanging aja ketanggungan olehe dadi satriya pinunjul. Aku nyuwun digawekake candhi sewu cacahe, sing digawe sajroning sewengi.”
Krungu tembung kang luwes lan manis sakala tuwuh maneh lan wuwuh tresnane, mula disaguhi. Wiwit angslupe srengenge, Bandung Bandawasa semadi nyenyuwun marang Dewa supaya jin setan periprayangan padha rerewang. Rame swarane wong gegawean nanging ora katon wujude sing gawe. Ngerti-ngerti dadi ana wewujudan candhi.
Rara Jonggrang atine goreh, rumangsa kejodheran anggone laku goroh. Kang mangka panjaluke iku sejatining srana nolak alus. Tuwuh panemu Rara Jonggrang kanggo njugarake pakaryan, Rara Jonggrang mrentahake para nonoman wadon padha nyapu latar senajan isih durung parak esuk. Sadhela wae wis rame swarane wong nyapu kesusul jago kluruk sesautan amarga kegurahan. Badhar semadine Bandung, mangka candhi lagi dadi 999. Mula bareng Rara Jonggranmg nambong kewetu sabdane.
“Rara Jonggrang, ayumu kepara angel tandhingane. Nanging, bebudenmu ora becik. Kanggo nuruti panjalukmu genepe candhi sewu, sing siji kowe dhewe!”
Kena sabdane Bandung Bandawasa sanalika Rara Jonggrang malih dadi reca aran Candhi Rara Jonggrang.

Kapethik saka : Pustaka Candra, Edisi 11, Tahun 1981, kaca: 20-22

Anoman Duta

Wancine wis parak esuk, ing wetan katon cahyane Sang Hyang Diwangkara abang sumirat ungup-ungup ing pucuking arga. Anoman puteg pikire awit durung ketemu kang den upadi. Nuli mulat ana wewangunan gedhong kang asrine ngleluwihi, miwah petamanan kang endahe kepati-pati. Anoman mlumpat ing wit nagasari, nalika nyawang mengisor, ing kono katon wanodya ayu kang sarirane kuru aking, ngalosot ing lemah. Gelungane lukar nora dirawati, gimbal campur kisma.. Lamat-lamat kapiyarsa pisambating karuna kang banget ngeres-eresi ati.

Lah punika ingkang winastan Taman Argasoka. Ing kono dununge Sang Putri Mantili, ya Rekyan Sinta disingidake dening Prabu Dasamuka. Wus meh sawarsa Sang Dewi ditrungku aneng Taman Argasoka, tinengganan dening wanodya pulunane Dasamuka, putrane Gunawan Wibisana, kang sesilih Niken Trijatha. Rekyan Sinta sadina-dina tansah karuna ngangen-angen marang rawuhe Sri Ramawijaya, dene Trijatha tansah ngupaya nglelipur penggalihe Sang Dewi.

“ Nini Trijatha, kaya ngene rasane nalangsane uripku, sewu papa sewu lara dadi sawiji. Aluwung tumekaning pati kalamun ora ketemu kalawan garwaku Pangeran Ramawijaya. Dhuh Nini, nalika ingsun dedunung aneng wana Dhandhaka kalawan Pangeran Ramawijaya, rasaning atiku kaya aneng swarga. Nanging ing samengko sanadyan dedunung aneng Taman Argasoka kang kaluwih-luwih endahe, rasane kaya ing pasiksan. Tujune ana sira Nini, kang tansah bisa nglelipur atiku kang rontang-ranting.”

Saben-saben Dewi Sinta sesambat kawelas asih, Trijatha tansah nglelipur ngasih-asih, mbelani arawat waspa. Anoman isih singidan aneng pange nagasari kemulan rembuyunge gegodhongan. Atine melu keranta-ranta mulat cintrakane Putri Mantili lan Sri Ramawijaya kang wus sawetara pepisahan. Dumadakan ana kang prapta, Prabu Dasamuka manjing ing Taman Argasoka mbebujuk marang Rekyan Sinta, nyuwun lunturing sih.

“ Dhuh mirah pepujaning ati Rekyan Sinta, apa gunane sadina-dina sira tansah sungkawa ngangen-angen marang si Rama, manungsa alasan tanpa guna, ing samubarang sarwa kuciwa. Delengen kawibawaningsun, raja sugih wibawa, kaloka ing donya, manungsa sajagad ora ana sing madha. Ayo Yayi, rewangana mukti wibawa, kabeh raja brana bandha donya Ngalengka darbenana, Yayi. Upama njaluka tumuruning widadari sakethi minangka abdinira, sayekti pun kakang bakal nyembadani. “

Mireng wuwuse Prabu Rahwana , Rekyan Sinta sumaur sugal, “ Heh Rahwana, ratuning buta gelah-gelahing bawana. Tanpa guna sira milut marang Sinta, aluwung tumekaning pati tinimbang nuruti kekarepanmu kang nistha. Sira nora prawira, nora wani adu arep kalawan Pangeran Rama, mung wani laku cidra andhustha marang ingsun. Endi tandhane sira ngaku prawira lan sekti mandraguna ? Kang ana amung wujud buta awatak jirih ingah-ingih wedi getih. Heh Dasamuka, aja ngimpi bisa nyaketi Rekyan Sinta. Menawa adreng sedyamu, sira daksupatani. Kalamun maju sejangkah sikilmu pokah bumine bengkah! Menawa kena koksenggol, busanaku bakal dak obong, kalamun kena kok gepok kulitku bakal dak beset, Rahwana !!!”

Njola Prabu Dasamuka mireng wuwuse Dewi Sinta kang nglarakake ati. Rekatak, narik candrasa arep ditamakake marang Sinta. Sang Dewi nora wedi marang pangancame Rahwana, pedhes anggone muwus.

“ Dasamuka mara tibakna senjatamu, dudu prajurit yen sira nora tegel merjaya Sinta. Sira nora pantes sinebut narendra, yen mentala ndedawa sungkawa lan papa cintraka. Jer ingsun nora sudi nuruti sedyamu kang banget nistha, mara age tamakna senjatamu marang dhadhaku heh Dasamuka!!!”

Lingsem Prabu Dasamuka mireng ngendikane Rekyan Sinta, nuli mundur karo ninggal weling marang Trijatha supaya tansah ngrerimuk penggalihe Dewi Sinta amrih gelem kagarwa.

Wanara Seta kang umpetan aneng rembuyunge pang nagasari wus nora tidha-tidha yen wanodya ayu kuru aking iku Rekyan Sinta kang den goleki. Mudhun saka pang mau Sang Anoman nuli ura-ura nyaritakake lelakone Sri Ramawijaya kang nandhang prihatin, wiwit pisah karo kang garwa ya Dewi Sinta, nganti saiki ketemu lan sabaya pati karo Prabu Sugriwa ratuning wanara.

Rampung Anoman anggone kekidungan nyaritakake lelakone Sri Ramawijaya kang pisah lan ngupadi garwa kinasihe ndadekake erame Sang Dewi uga Trijatha lan para cethi. Lagi iki ngerti ana wanara wulune putih memplak, nyandhang kaya manungsa, kathik pinter ngidung suarane ngumandhang angenganyut kalbu.

Dewi Sinta mireng tembange mau, temah mijil waspanira keranta-ranta ing galih emut marang Sang Ramawijaya. Anoman mudhun saka pang nagasari, laku dhodhok sila marikelu. Dewi Sinta andangu aris:

“ Mengko ta wanara seta, sira iku sapa? Solahira kaya manungsa, kathik bisa ngidung nyaritakake lalakone Pangeran Ramawijaya? “

“ Dhuh Sang Kusuma, kula pun Anoman dutanipun Sri Ramawijaya. Dening Sri Rama miwah Sang Kapindra Sugriwa kula kautus niti priksa kayuwanan Paduka wonten Ngalengka ngriki. Ing samangke garwa paduka Sang Ramawijaya miwah rayi paduka Sang Laksmana nyanggrah wonten ardi Maliyawan, rinatu dening bala wanara. Sedaya sampun samapta wonten Maliyawan, badhe nglurug dhateng Ngalengka, Gusti.”

Dewi Sinta sajak cubriya, “ Mengko ta wanara seta, sira ngaku aran Anoman dutane Pangeran Ramawijaya. Kuwi tenan apa mung kongkonane Rahwana kang arep apus krama ? Awit nalika ingsun dicidra Rahwana, wektu semana angliwati samodra kang jembar kaya tanpa wates, tangeh ana titah kang bisa nyusul kejaba Peksiraja Garudha utawa angin. Pandugaku sira mesthi kongkonane Rahwana supaya apus krama marang ingsun. “

“ Dhuh Gusti kula Putri Mantili, kula pun Anoman putranipun Sang Hyang Bayu dewaning maruta, saestu dutaning Sri Ramawijaya. Menawi paduka kirang pitaya, dening Sri Rama kula mundhi agemanipun sesupe, minangka tandha bukti. Kula aturi nampi, Gusti. “

Rekyan Sinta nampani ali-ali kang diaturake Anoman. Kejot penggalihe, runtuh waspane, ora pangling iki kalpika agemane ingkang raka. Diagem ing jenthik manis katon logro, ngalih ing jejenthik isih tetep logro, awit saka banget kuru sarirane Sang Dewi.

“ Heh Anoman, nyata sira duta kang sejati. Sakabehing aturira minangka panglipuring manahingsun. Kalpika wus ingsun tampa, iki aturna marang gustimu Pangeran Rama, cundhamanik kancing rikma agemaningsun, minangka tandha yen sira wus ketemu kalawan ingsun. Lan iki aturna nawalaningsun marang Pangeran Rama. “

Anoman nampani cundhamanik sarta nawala saka Dewi Sinta, nuli nyuwun pamit sarwi ngaras padane Sang Dewi. Sadurunge mundur saka ngarsane Sang Dewi, Anoman ninggal piweling.

“ Dhuh Gusti Putri Manthili, mugi lejara ing galih, sampun tansah sungkawa. Boten dangu malih raka Paduka Sri Ramawijaya badhe rawuh ing Ngalengka ngirit bala wanara. Nagari Ngalengka badhe dados samodra getih, Rahwana kedah nyaur kadurjananipun, amargi sampun wantun damel kasangsaran tumprap Sri Rama lan ugi paduka. “

( Sumber: Panjebar Semangat No. 31 lan 32 Agustus 2009, diowahi sacukupe)  => mgmpjawapemalang.wordpress.com

Ajar Njantur

Tinimbang ngantuk ajar janturan 😉

Swuh rep data pitana. Anenggih nagari pundi ta kang kaéka adi dasa purwa. Éka sawiji, adi linuwih, dasa sepuluh, purwa wiwitan. Senadyan kathah titahing déwa ingkang kasongan akasa, sinangga pratiwi, kaapit ing samodra, kathah ingkang anggana raras, nanging datan kadi Nagari Hastina, ya sinebat Nagari Liman Benawi. Mila kinarya bebuka, ngupaya nagari satus datan antuk kalih, sanadyan sèwu ‘tan jangkep sadasa. Dhasar nagari panjang punjung, pasir wukir, loh jinawi, gemah ripah, tata tur raharja.

Panjang: dawa pocapané, punjung: luhur kawibawané, pasir: samodra, wukir: gunung. Negara ngungkuraké pagunungan, nengenaké pasabinan, ngéringaké pategalan, ngayunaké bandaran gedhé. Loh: tulus kang sarwa tinandur, jinawi: murah ingkang tinuku. Gemah: lampahing para nangkodha surya-ratri datan ana pedhoté, labet datan ana sangsayaning dedalan. Aripah: janma manca ingkang samya bebara jejel apipit aben cukit tepung taritis, papan wiyar katingal rupak saking harjaning praja. Ingon-ingon kebo sapi pitik iwèn datan ana cinancangan, yèn ta rina padha aglar ing pangonan, yèn ta wanci surup surya mulih marang kandhangé dhéwé-dhéwé.

Para mantri bupati sapanekaré jangkep sami bijaksana limpad ing kawruh, tansah ambudi raharjaning praja. Senadyan para narakisma, padha ayem tentrem atiné mungkul pangulahing tetanèn. Dhasar negari ingkang gedhé oboré, padhang jagadé, dhuwur kukusé, adoh kuncarané. Bebasan ingkang celak manglung tebih tumiyung. Mboten ing Tanah Jawi kéwala ingkang sami nungkul, sanadyan ing tanah sabrang kathah para raja ingkang sami sumawita, datan karana ginebag ing ajurit, muhung kayungyun poyaning kautaman, samya atur putri minangka panungkul. Ing saben ‘ri kalamangsa, sami asok bulu bekti glondhong pengareng-areng, pèni-pèni raja pèni, guru bakal guru dadi.

Sinten ta jejuluking sri nata ing Ngastina, wenang dèn-ucapna, nenggih Mahaprabu Duryudana, Kurupati, Jakapitana, Hanggendarisuta. Mila jejuluk Duryudana, ateges naléndra ingkang abot sangganing aprang. Kurupati, angratoni darahing Kuru. Jakapitana, duk nalika sang nata sinengkakaké ngaluhur jumeneng naléndra nyata maksih jejaka dèrèng nambut silaning akrami. Déné Anggendariputra, nyata sang nata putra pambayuning Kusuma Dèwi Gendari.

Kacarita, Prabu Duryudana kondhang ing rat naléndra bèrbudi bèrbandha, remen hanggeganjar hangulawisudha, nanging kirang marsudi rèhing tata krami. Kadang satus kang sami nyantana dèn-ugung kesenengané. Marma sagung para kadang sami kaduk adigang, adigung, miwah adiguna, ngendelaké kadanging ratu.

Yèn ta ginunggunga wiyaring jajahan, luhuring keprabon, sayekti saratri datan ana pedhoté, sinigeg ingkang murwèng kawi. Nuju ing hari Soma, sang nata miyos tinangkil munggwing sitinggil binatu rata, lenggah munggwing dhampar denta pinalipit ing kencana, pinatik ing nawaretna. Lèmèk babut prangwedani ginanda wida jebat kasturi, sinebaran kanang sari. Dhasar kinebutan laring badhak kanan-kéring, kongas gandaning nata angèbeki paséwakan.

Rep sidhem datan ana sabawaning walang ngalisik, ron-ronan datan obah, samirana datan lumampah. Ingkang kapiyarsa amung swaraning pradangga hanganyut-anyut binarung ocèhing kukila ingkang méncok ing waringin, miwah sabawaning abdi kriya gemblak kemasan, pandhé, ingkang samya nambut karya. Karengyan saking paséwakan, pating carengklang pating carengkling, imbal gantya lir mandyaraga, werdiné kaya gamelan. Teka amuwuhi asri renggeping panangkilan. Ing alun-alun papandhèn bandéra lelayu payung agung miwah bawat, tinon angendanu pindha mendhung. Para mantri bupati ingkang sami séba, ambèr ambalabar dumugi ing pangurakan yayah samodra pasang.

Nenggih sinten ta ingkang lenggah jajar klawan sang nata. Nenggih pujangganing kraton Begawan Durna ya Sang Kumbayana. Mabukuh marikelu munggwing ngarsa, nenggih Rekyana Patih Harya Sengkuni. Datan kantun pangéran ngiras paniti sastra, Radèn Harya Kartamarma ingkang wus sumahap munggwing ngayun. Dupi wus antara lama dènira lenggah tinangkil, sang nata sasmita mring sang rekyana patih arsa wawan pangandika.

Pupuh Pangkur Serat Wulangreh

Kang sekar pangkur winarna,
lalabuhan kang kanggo wong ngaurip,
ala lan becik puniku,
prayoga kawruhana,
adat waton puniku dipunkadulu,
miwah ingkang tata krama,
den kaesthi siyang ratri.

Duduga lawan prayoga,
myang watara riringa awya lali,
iku parabot satuhu,
tan kena tininggala,
tangi lungguh angadeg tuwin lumaku,
angucap meneng anendra,
duga-duga nora kari.

Miwah ing sabarang karya,
ing prakara gedhe kalawan cilik,
papat iku datan kantun,
kanggo sadina-dina,
rina wengi nagara muwah ing dhusun,
kabeh kang padha ambegan,
papat iku nora kari.

Kalamaun ana manungsa,
anyinggahi dugi lawan prayogi,
iku watake tan patut,
awor lawan wong kathah,
wong degsura ndaludur tan wruh ing edur,
aja sira pedhak-pedhak,
nora wurung neniwasi.

Mapan wateke manungsa,
pan katemu ing laku lawan linggih,
solah muna-muninipun,
pan dadya panengeran,
kang apinter kang bodho miwah kang luhur,
kang asor lan kang malarat,
tanapi manungsa sugih.

Ulama miwah maksiyat,
wong kang kendel tanapi wong kang jirih,
durjana bobotoh kaum,
lanang wadon pan padha,
panitiking manungsa wawatekipun,
apa dene wong kang nyata,
ing pangawruh kang wus pasthi.

Tinitik ing solah bawa,
muna-muni ing laku lawan linggih,
iku panengeran agung,
winawas ginrahita,
pramilane ing wong kuna-kuna iku,
yen amawas ing sujanma,
datan amindho-gaweni.

Ginulang sadina-dina,
wiwekane mindeng basa basuki,
ujubriya kibiripun,
sumungah tan kanggonan,
mung sumendhe ing karsanira Hyeng Agung,
ujar sirik kang rineksa,
kautaman ulah-wadi.

Ing mangsa mengko pan arang,
kang katemu ing basa kang basuki,
ingkang lumrah wong punika,
drengki drohi lan dora,
iren meren panasten dahwen kumingsung,
opene nora pasaja,
jahil muthakil mbesiwit.

Alaning liyan denandhar,
ing beciking liyan dipunsimpeni,
becik dhewe ginunggung,
kinarya pasamuwan,
nora ngrasa alane dhewe ngendhukur,
wong kang mangkono wateknya,
nora pantes denpedhaki.

Iku wong durbala murka,
nora nana mareme ing jro ati,
sabarang karepanipun,
nandya wisa katekan,
karepane nora marem saya mbanjur,
luamah lawan amarah,
iku ingkang dentutwuri

Ing sabarang tingkah pola,
yen angucap tanapi lamun linggih,
sungkan kasor ambegipun,
pan lumuh kaungkulan,
ing sujanma pangrasane dhewekipun,
pan nora ana kang amadha,
angrasa luhur pribadi.

Aja nedya katempelan,
ing wawatek kang tan pantes ing budi,
watek rusuh nora urus,
tunggal lawan manungsa,
dipun sami karya labuhan kang patut,
darapon dadi tuladha,
tinuta ing wuri-wuri.

Aja lonyo lemer genjah,
angrong-pasanakan nyumur gumuling,
ambuntut-arit puniku,
watekan tan raharja,
pan wong lonyo nora kena dipunetut,
monyar-manyir tan antepan,
dene lemeran puniki.

Para-penginan tegesnya,
genjeh iku cecegan barang kardi,
angrong-pasanak liripun,
remen olah miruda,
mring rabine sadulur miwah ing batur,
mring sanak myang pasanakan,
sok senenga denramuhi.

Nyumur gumuling tegesnya,
ambelawah datan duwe wewadi,
nora kena rubung-rubung,
wewadine kang wutah,
mbuntut-arit punika pracekanipun,
abener ing pangarepan,
nanging nggarethel ing wuri.

Sabarang kang dipunucap,
nora wurung amrih oleh pribadi,
iku labuhan tan patut,
aja anedya nulad,
ing wateking nenem prakara puniku,
sayogyane ngupayaa,
lir mas tumimbul ing warih.

Serat Wulangreh Pupuh Gambuh

Serat Wulangreh ana 13 pupuh tembang kang isine yaiku tembang Dhandhanggula 8 pada, Kinanthi 16 pada, Gambuh 17 pada, Pangkur 17 pada, Maskumambang 34 pada, Megatruh 17 pada, Durma 12 pada, Wirangrong 21 pada, Pucung 23 pada, Mijil 26 pada, Asmarandana 28 pada, Sinom 33 pada, lan Girisa 25 pada. Dene isine serat Wulangreh pupuh Gambuh iku mujudake pepacuh/larangan nindakaken piawon/kejahatan. Dene pupuh Gambuh jangkepe kaya ing ngisor iki :

G A M B U H

Sekar gambuh ping catur,
kang cinatur polah kang kelantur,
tanpa tutur katula-tula katali,
kadaluwarsa katutuh
kapatuh pan dadi awon.

Aja nganti kebanjur,
barang polah ingkang nora jujur,
yen kebanjur kojur sayekti tan becik,
becik ngupayaa iku,
pitutur ingkang sayektos.

Pitutur bener iku,
sayektine kang iku tiniru,
nadyan metu saking wong sudra papeki,
lamun becik wurukipun,
iku pantes sira anggo.

Ana pocapanipun,
adiguna adigang adigung,
pan adigang kidang adigung pinasti,
adiguna ula iku,
telu pisan mati sampyoh.

Sikidang umbagipun,
angendelaken kebat lumpatipun,
pan si gajah angendelken gung ainggil,
ula ngendelaken iku,
mandine kalamun nyakot.

Iku upamanipun,
aja ngendelaken sira iku,
suteng Nata iya sapa ingkang wani,
iku ambege wong digung,
ing wusana dadi asor.

Adiguna puniku,
ngadelaken kapinteranipun,
samubarang kabisan dipun dheweki,
sapa pinter kaya ingsun,
tugging prana ora injoh.

Ambek adigang iku,
angungasaken kasuranipun,
para tandang candala anyenyampahi,
tinemenan boya purun,
satemah dadi geguyon.

Ing wong urip puniku,
aja nganggo ambek kang tetelu,
anganggoa rereh ririh ngatiati,
den kawang-kawang barang laku,
den waskitha solahing wong.

Dene katelu iku,
si kidang suka ing patinipun,
pan si gajah alena patinireki,
si ula ing patinipun,
ngendelken upase mandos.

Tetelu nora patut,
yen tiniru mapan dadi luput,
titikane wong anom kurang wewadi,
bungah akeh wong kang ngunggung,
wekasane kajalomprong.

Yen wong anom puniku,
kakehan panggunggung dadi kumprung,
pengung bingung wekasane pan angoling,
yen den gunggung muncu-muncu,
kaya wudun meh mecothot.

Ing wong kang padha nggunggung,
mung sepele iku pamrihipun,
mung warege wadhuk klimising lathi,
lan telese gondhangipun,
reruba alaning uwong.

Amrih pareka iku,
yen wus kanggep nuli gawe umuk,
pan wong akeh sayektine padha wedi,
tan wurung tampa pisungsung,
adol sanggup sakehing wong.

Yen wong mangkono iku,
nora pantes cedhak mring wong agung,
nora wurung anuntun panggawe juti,
nanging ana pantesipun,
wong mangkono didhedheplok.

Aja kakehan sanggup,
durung weruh tuture agupruk,
tutur nempil panganggepe wruh pribadi,
pangrasane keh wong nggunggung,
kang wus weruh amelengos.

Aja nganggo sireku,
kalakuwan kang mangkono iku,
nora wurung tinitenen den cireni,
mring pawong sanak sadulur,
nora nana kang pitados.

SERAT WULANGREH PUPUH PANGKUR

Serat Wulangreh anggitanipun Kanjeng Susuhunan Paku Buwana IV,

pupuh Pangkur wonten 17 pada, kados ing ngandhap punika:

 

Kang sekar pangkur winarna,
lalabuhan kang kanggo wong ngaurip,
ala lan becik puniku,
prayoga kawruhana,
adat waton puniku dipunkadulu,
miwah ingkang tata krama,
den kaesthi siyang ratri.

Duduga lawan prayoga,
myang watara riringa awya lali,
iku parabot satuhu,
tan kena tininggala,
tangi lungguh angadeg tuwin lumaku,
angucap meneng anendra,
duga-duga nora kari.

Miwah ing sabarang karya,
ing prakara gedhe kalawan cilik,
papat iku datan kantun,
kanggo sadina-dina,
rina wengi nagara muwah ing dhusun,
kabeh kang padha ambegan,
papat iku nora kari.

Kalamaun ana manungsa,
anyinggahi dugi lawan prayogi,
iku watake tan patut,
awor lawan wong kathah,
wong degsura ndaludur tan wruh ing edur,
aja sira pedhak-pedhak,
nora wurung neniwasi.

Mapan wateke manungsa,
pan katemu ing laku lawan linggih,
solah muna-muninipun,
pan dadya panengeran,
kang apinter kang bodho miwah kang luhur,
kang asor lan kang malarat,
tanapi manungsa sugih.

Ulama miwah maksiyat,
wong kang kendel tanapi wong kang jirih,
durjana bobotoh kaum,
lanang wadon pan padha,
panitiking manungsa wawatekipun,
apa dene wong kang nyata,
ing pangawruh kang wus pasthi.

Tinitik ing solah bawa,
muna-muni ing laku lawan linggih,
iku panengeran agung,
winawas ginrahita,
pramilane ing wong kuna-kuna iku,
yen amawas ing sujanma,
datan amindho-gaweni.

Ginulang sadina-dina,
wiwekane mindeng basa basuki,
ujubriya kibiripun,
sumungah tan kanggonan,
mung sumendhe ing karsanira Hyeng Agung,
ujar sirik kang rineksa,
kautaman ulah-wadi.

Ing mangsa mengko pan arang,
kang katemu ing basa kang basuki,
ingkang lumrah wong punika,
drengki drohi lan dora,
iren meren panasten dahwen kumingsung,
opene nora pasaja,
jahil muthakil mbesiwit.

Alaning liyan denandhar,
ing beciking liyan dipunsimpeni,
becik dhewe ginunggung,
kinarya pasamuwan,
nora ngrasa alane dhewe ngendhukur,
wong kang mangkono wateknya,
nora pantes denpedhaki.

Iku wong durbala murka,
nora nana mareme ing jro ati,
sabarang karepanipun,
nandya wisa katekan,
karepane nora marem saya mbanjur,
luamah lawan amarah,
iku ingkang dentutwuri

Ing sabarang tingkah pola,
yen angucap tanapi lamun linggih,
sungkan kasor ambegipun,
pan lumuh kaungkulan,
ing sujanma pangrasane dhewekipun,
pan nora ana kang amadha,
angrasa luhur pribadi.

Aja nedya katempelan,
ing wawatek kang tan pantes ing budi,
watek rusuh nora urus,
tunggal lawan manungsa,
dipun sami karya labuhan kang patut,
darapon dadi tuladha,
tinuta ing wuri-wuri.

Aja lonyo lemer genjah,
angrong-pasanakan nyumur gumuling,
ambuntut-arit puniku,
watekan tan raharja,
pan wong lonyo nora kena dipunetut,
monyar-manyir tan antepan,
dene lemeran puniki.

Para-penginan tegesnya,
genjeh iku cecegan barang kardi,
angrong-pasanak liripun,
remen olah miruda,
mring rabine sadulur miwah ing batur,
mring sanak myang pasanakan,
sok senenga denramuhi.

Nyumur gumuling tegesnya,
ambelawah datan duwe wewadi,
nora kena rubung-rubung,
wewadine kang wutah,
mbuntut-arit punika pracekanipun,
abener ing pangarepan,
nanging nggarethel ing wuri.

Sabarang kang dipunucap,
nora wurung amrih oleh pribadi,
iku labuhan tan patut,
aja anedya nulad,
ing wateking nenem prakara puniku,
sayogyane ngupayaa,
lir mas tumimbul ing warih.

CA dan TJ

Carakan Anyar lan Tuladha Jejeg
seratan Jawi ing ngandhap ngginakaken aksara Jawi Carakan Anyar

꧚ꦐꦐꦃꦁꦶꦼꦕꦺꦈꦼꦻꦀ꧂ꦄꦏꦶ꧋

ꦅꦸꦅꦸꦺꦑꦻꦁꦟꦅꦸꦅꦸꦃꦸꦊ꧋

ꦀꦏꦸꦼꦀꦆꦶꦊꦈꦶꦆꦚꦺꦁꦕ꧋

ꦉꦸꦊꦸꦆꦞꦶꦇꦁꦘꦷꦁꦊꦶꦇꦁꦿ

ꦺꦍꦁꦤꦏꦞꦼꦉꦸꦈꦶꦾꦐꦏꦞꦼ꧋

ꦺꦍꦁꦔꦺꦓꦉꦔꦺꦓꦉꦘꦉꦼꦄꦸꦼ꧋

ꦆꦁꦘꦷꦁꦆꦶꦁꦸꦏꦥꦇꦔꦽꦆ꧚

    Seratan Jawi ngandhap menika ngginakaken font Tuladha Jejeg ingkang sampun mlebet unicode

      ꧋ꦒꦒꦫꦤ꧀ꦤꦶꦁꦮꦺꦴꦲꦏꦿꦩꦶ꧈

      ꦢꦸꦢꦸꦧꦤ꧀ꦝꦢꦸꦢꦸꦫꦸꦥ꧈

      ꦲꦩꦸꦁꦲꦠꦶꦥꦮꦶꦠꦤ꧀ꦤꦺ꧈

      ꦭꦸꦥꦸꦠ꧀ꦥꦶꦱꦤ꧀ꦏꦼꦤꦥꦶꦱꦤ꧀

      ꦪꦺꦤ꧀ꦒꦩ꧀ꦥꦁꦭꦸꦮꦶꦃꦒꦩ꧀ꦥꦁ꧈

      ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦔꦺꦭ꧀ꦏꦭꦁꦏꦸꦁ꧈

      ꦠꦤ꧀ꦏꦼꦤꦠꦶꦤꦸꦩ꧀ꦧꦱ꧀ꦲꦂꦠ꧉

fonta unicode aksara Jawa

Beberapa postingan dokumen huruf Jawa terdahulu di blog ini menggunakan font aksara Jawa yang bernama Carakan Anyar, sehingga ketika komputer terinstall font Tuladha Jejeg berakibat tampilan huruf Jawa akan acak-acakan dan tidak terbaca dengan benar.

Tuladha Jejeg adalah sebuah fonta Unicode aksara Jawa. Tuladha Jejeg menggunakan lebar goresan karakter yang bervariasi (tebal-tipis) dengan serif di beberapa glif. Tuladha Jejeg sudah support di open office dan browser mozilla firefox versi 11 ke atas.
Situs lengkapnya silahkan kunjungi : https://sites.google.com/site/jawaunicode/

Berikut ini adalah contoh kalimat yang ditulis dengan Tuladha Jejeg

ꦱꦼꦤꦼꦁꦗꦮ
꧋ꦔꦺꦭ꧀ꦩꦸꦲꦶꦏꦸꦏꦭꦏꦺꦴꦤ꧀ꦤꦺꦏꦤ꧀ꦛꦶꦭꦏꦸ꧉

꧋ꦧꦶꦱꦤꦺꦏ꧀ꦭꦏꦺꦴꦤ꧀ꦧꦶꦱꦩꦕꦭꦤ꧀ꦤꦸꦭꦶꦱ꧀ꦲꦏ꧀ꦱꦫꦗꦮꦲꦶꦏꦸꦲꦩꦂꦒ

ꦒꦼ꧒ꦩ꧀ꦭꦏꦸꦱꦶꦤꦲꦸ꧉

꧋ꦲꦪꦺꦴ꧈ꦮꦤꦶꦲꦺꦴꦫꦱꦶꦤꦲꦸꦲꦏ꧀ꦱꦫꦗꦮ꧉

ꦱꦸꦒꦼꦁꦚꦺꦴꦧꦶ

ꦩꦠꦸꦂꦤꦸꦮꦸꦤ꧀