Serat Wulangreh kaanggit dening Kanjeng Susuhunan Pakubuwana IV. Serat Wulangreh karampungaken nalika tanggal 19 Besar dinten Ahad Kliwon tahun Dal, 1735, mangsa kawolu, windu Sancaya, wuku Sungsang.
Serat Wulangreh kadhapuk saking tembang Dhandhanggula 8 pada, Kinanthi 16 pada, Gambuh 17 pada, Pangkur 17 pada, Maskumambang 34 pada, Megatruh 17 pada, Durma 12 pada, Wirangrong 27 pada, Pucung 23 pada, Mijil 26 pada, Asmaradana 28 pada, Sinom 33 pada lan Girisa 25 pada.
Saperangan pada saking pupuh tembang Serat Wulangreh:
- DHANDHANGGULA (wosipun bab tiyang gesang kedah ngudi kawruh)
Pamedhare wasitaning ati
Cumanthaka aniru pujangga
Dhahat mudha ing batine
Nanging kedah ginunggung
Datan wruh yen akeh ngesemi
Ameksa angrumpaka
Basa kang kalantur
Tutur kang katula-tula
Tinalaten rinuruh kalawan ririh
Mrih padhanging sasmita
2. KINANTHI (wosipun bab lampah dhateng saening tumindak)
Padha gulangen ing kalbu
Ing sasmita amrih lantip
Aja pijer mangan nendra
Ing kaprawiran den kaesthi
Pesunen sariranira
Cegahen dhahar lan guling
3. GAMBUH (wosipun bab pepacuh nindakaken piawon)
Sekar Gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadaluwarsa katutuh
Kapatuh pan dadi awon
4. PANGKUR (wosipun bab awon saenipun lelampahan punika, sampun katitik wonten tumindakipun)
Kang sekar Pangkur kang winarna
Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip
Ala lan becik punika
Prayoga kawurhana
Adat waton punika dipun kadulu
Miwah ta ing tatakrama
Den kaesthi ing siyang ratri
5. MASKUMAMBANG (wosipun bab sesembahan ingkang wajib sinembah)
Nadyan silih bapa biyung kaki nini
Sadulur myang sanak
Kalamun muruk tan becik
Nora pantes yen dennuta
6. MEGATRUH (wosipun bab kautamaning tiyang ngawula)
Wong ngawula ing Ratu luwih pekewuh
Nora kena mingrang-mingring
Kudu mantep sartanipun
Setya tuhu marang Gusti
Dipun miturut sapakon
7. DURMA (wosipun bab pepacuh sampun ngantos maoni tuwin ndhuwuk piawoning sanes)
Dipun sami ambanting sariranira
Cegah dhahar lan guling
Darapon sudaa
Nepsu kang ngambra-ambra
Rerema ing tyasingreki
Dadi sabarang
Karsanira lestari
8. WIRANGRONG (wosing bab pangatos-atos ing pangandikan tuwin milih pawong mitra)
Den samya marsudeng budi
Wiweka dipunwaspaos
Aja dumeh bias bias muwus
Yen tanpantes ugi
Sanadyan mung sakecap
Yen tanpantes prenahira
9. PUCUNG (wosipun bab pepenget tumrap tumindak tuwin rukuning pasedherekan)
Ewuh temen babo wong urip puniki
Apan nora kena
Kinira-kira ing budi
Arang mantep wijiling basa raharja
10. MIJIL (wosipun bab awon saning narimah utawi boten narimah)
Poma kaki padha dipun eling
Ing pituturingong
Sira uga satriya arane
Kudu anteng jatmika ing budi
Ruruh sarwa wasis
Samubarangipun
11. ASMARADANA (wosipun bab wewarah tumindakipun punggawaning praja)
Padha netepana ugi
Kabeh prentahing sarak
Terusna lair batine
Slat limang wektu uga
Tan kena tininggala
Sapa tinggal dadi gabug
Yen misih remen neng praja
12. SINOM (wosipun bab tuladhaning gegayuhan)
Ambeke kang wus utama
Tan ngendhak gunaning janmi
Amiguna ing aguna
Sasolahe kudu bathi
Pintere den alingi
Bodhone dinekek ngayun
Pamrihe den inaa
Mring padha-padhaning janmi
Suka bungah den ina sapadha-padha
13. GIRISA (wosing bab wewaler tuwin pandonga dhateng para putra)
Anak putu den estokna
Warah wuruke si bapa
Aja na ingkang sembrana
Marang wuruke wong tuwa
Ing lair batin den bisa
Anganggo wuruking bapa
Ing tyas den padha santosa
Teguhena jroning nala