Ajar Njantur

Tinimbang ngantuk ajar janturan 😉

Swuh rep data pitana. Anenggih nagari pundi ta kang kaéka adi dasa purwa. Éka sawiji, adi linuwih, dasa sepuluh, purwa wiwitan. Senadyan kathah titahing déwa ingkang kasongan akasa, sinangga pratiwi, kaapit ing samodra, kathah ingkang anggana raras, nanging datan kadi Nagari Hastina, ya sinebat Nagari Liman Benawi. Mila kinarya bebuka, ngupaya nagari satus datan antuk kalih, sanadyan sèwu ‘tan jangkep sadasa. Dhasar nagari panjang punjung, pasir wukir, loh jinawi, gemah ripah, tata tur raharja.

Panjang: dawa pocapané, punjung: luhur kawibawané, pasir: samodra, wukir: gunung. Negara ngungkuraké pagunungan, nengenaké pasabinan, ngéringaké pategalan, ngayunaké bandaran gedhé. Loh: tulus kang sarwa tinandur, jinawi: murah ingkang tinuku. Gemah: lampahing para nangkodha surya-ratri datan ana pedhoté, labet datan ana sangsayaning dedalan. Aripah: janma manca ingkang samya bebara jejel apipit aben cukit tepung taritis, papan wiyar katingal rupak saking harjaning praja. Ingon-ingon kebo sapi pitik iwèn datan ana cinancangan, yèn ta rina padha aglar ing pangonan, yèn ta wanci surup surya mulih marang kandhangé dhéwé-dhéwé.

Para mantri bupati sapanekaré jangkep sami bijaksana limpad ing kawruh, tansah ambudi raharjaning praja. Senadyan para narakisma, padha ayem tentrem atiné mungkul pangulahing tetanèn. Dhasar negari ingkang gedhé oboré, padhang jagadé, dhuwur kukusé, adoh kuncarané. Bebasan ingkang celak manglung tebih tumiyung. Mboten ing Tanah Jawi kéwala ingkang sami nungkul, sanadyan ing tanah sabrang kathah para raja ingkang sami sumawita, datan karana ginebag ing ajurit, muhung kayungyun poyaning kautaman, samya atur putri minangka panungkul. Ing saben ‘ri kalamangsa, sami asok bulu bekti glondhong pengareng-areng, pèni-pèni raja pèni, guru bakal guru dadi.

Sinten ta jejuluking sri nata ing Ngastina, wenang dèn-ucapna, nenggih Mahaprabu Duryudana, Kurupati, Jakapitana, Hanggendarisuta. Mila jejuluk Duryudana, ateges naléndra ingkang abot sangganing aprang. Kurupati, angratoni darahing Kuru. Jakapitana, duk nalika sang nata sinengkakaké ngaluhur jumeneng naléndra nyata maksih jejaka dèrèng nambut silaning akrami. Déné Anggendariputra, nyata sang nata putra pambayuning Kusuma Dèwi Gendari.

Kacarita, Prabu Duryudana kondhang ing rat naléndra bèrbudi bèrbandha, remen hanggeganjar hangulawisudha, nanging kirang marsudi rèhing tata krami. Kadang satus kang sami nyantana dèn-ugung kesenengané. Marma sagung para kadang sami kaduk adigang, adigung, miwah adiguna, ngendelaké kadanging ratu.

Yèn ta ginunggunga wiyaring jajahan, luhuring keprabon, sayekti saratri datan ana pedhoté, sinigeg ingkang murwèng kawi. Nuju ing hari Soma, sang nata miyos tinangkil munggwing sitinggil binatu rata, lenggah munggwing dhampar denta pinalipit ing kencana, pinatik ing nawaretna. Lèmèk babut prangwedani ginanda wida jebat kasturi, sinebaran kanang sari. Dhasar kinebutan laring badhak kanan-kéring, kongas gandaning nata angèbeki paséwakan.

Rep sidhem datan ana sabawaning walang ngalisik, ron-ronan datan obah, samirana datan lumampah. Ingkang kapiyarsa amung swaraning pradangga hanganyut-anyut binarung ocèhing kukila ingkang méncok ing waringin, miwah sabawaning abdi kriya gemblak kemasan, pandhé, ingkang samya nambut karya. Karengyan saking paséwakan, pating carengklang pating carengkling, imbal gantya lir mandyaraga, werdiné kaya gamelan. Teka amuwuhi asri renggeping panangkilan. Ing alun-alun papandhèn bandéra lelayu payung agung miwah bawat, tinon angendanu pindha mendhung. Para mantri bupati ingkang sami séba, ambèr ambalabar dumugi ing pangurakan yayah samodra pasang.

Nenggih sinten ta ingkang lenggah jajar klawan sang nata. Nenggih pujangganing kraton Begawan Durna ya Sang Kumbayana. Mabukuh marikelu munggwing ngarsa, nenggih Rekyana Patih Harya Sengkuni. Datan kantun pangéran ngiras paniti sastra, Radèn Harya Kartamarma ingkang wus sumahap munggwing ngayun. Dupi wus antara lama dènira lenggah tinangkil, sang nata sasmita mring sang rekyana patih arsa wawan pangandika.

Tinggalkan komentar