SERAT WULANGREH PUPUH PANGKUR

Serat Wulangreh anggitanipun Kanjeng Susuhunan Paku Buwana IV,

pupuh Pangkur wonten 17 pada, kados ing ngandhap punika:

 

Kang sekar pangkur winarna,
lalabuhan kang kanggo wong ngaurip,
ala lan becik puniku,
prayoga kawruhana,
adat waton puniku dipunkadulu,
miwah ingkang tata krama,
den kaesthi siyang ratri.

Duduga lawan prayoga,
myang watara riringa awya lali,
iku parabot satuhu,
tan kena tininggala,
tangi lungguh angadeg tuwin lumaku,
angucap meneng anendra,
duga-duga nora kari.

Miwah ing sabarang karya,
ing prakara gedhe kalawan cilik,
papat iku datan kantun,
kanggo sadina-dina,
rina wengi nagara muwah ing dhusun,
kabeh kang padha ambegan,
papat iku nora kari.

Kalamaun ana manungsa,
anyinggahi dugi lawan prayogi,
iku watake tan patut,
awor lawan wong kathah,
wong degsura ndaludur tan wruh ing edur,
aja sira pedhak-pedhak,
nora wurung neniwasi.

Mapan wateke manungsa,
pan katemu ing laku lawan linggih,
solah muna-muninipun,
pan dadya panengeran,
kang apinter kang bodho miwah kang luhur,
kang asor lan kang malarat,
tanapi manungsa sugih.

Ulama miwah maksiyat,
wong kang kendel tanapi wong kang jirih,
durjana bobotoh kaum,
lanang wadon pan padha,
panitiking manungsa wawatekipun,
apa dene wong kang nyata,
ing pangawruh kang wus pasthi.

Tinitik ing solah bawa,
muna-muni ing laku lawan linggih,
iku panengeran agung,
winawas ginrahita,
pramilane ing wong kuna-kuna iku,
yen amawas ing sujanma,
datan amindho-gaweni.

Ginulang sadina-dina,
wiwekane mindeng basa basuki,
ujubriya kibiripun,
sumungah tan kanggonan,
mung sumendhe ing karsanira Hyeng Agung,
ujar sirik kang rineksa,
kautaman ulah-wadi.

Ing mangsa mengko pan arang,
kang katemu ing basa kang basuki,
ingkang lumrah wong punika,
drengki drohi lan dora,
iren meren panasten dahwen kumingsung,
opene nora pasaja,
jahil muthakil mbesiwit.

Alaning liyan denandhar,
ing beciking liyan dipunsimpeni,
becik dhewe ginunggung,
kinarya pasamuwan,
nora ngrasa alane dhewe ngendhukur,
wong kang mangkono wateknya,
nora pantes denpedhaki.

Iku wong durbala murka,
nora nana mareme ing jro ati,
sabarang karepanipun,
nandya wisa katekan,
karepane nora marem saya mbanjur,
luamah lawan amarah,
iku ingkang dentutwuri

Ing sabarang tingkah pola,
yen angucap tanapi lamun linggih,
sungkan kasor ambegipun,
pan lumuh kaungkulan,
ing sujanma pangrasane dhewekipun,
pan nora ana kang amadha,
angrasa luhur pribadi.

Aja nedya katempelan,
ing wawatek kang tan pantes ing budi,
watek rusuh nora urus,
tunggal lawan manungsa,
dipun sami karya labuhan kang patut,
darapon dadi tuladha,
tinuta ing wuri-wuri.

Aja lonyo lemer genjah,
angrong-pasanakan nyumur gumuling,
ambuntut-arit puniku,
watekan tan raharja,
pan wong lonyo nora kena dipunetut,
monyar-manyir tan antepan,
dene lemeran puniki.

Para-penginan tegesnya,
genjeh iku cecegan barang kardi,
angrong-pasanak liripun,
remen olah miruda,
mring rabine sadulur miwah ing batur,
mring sanak myang pasanakan,
sok senenga denramuhi.

Nyumur gumuling tegesnya,
ambelawah datan duwe wewadi,
nora kena rubung-rubung,
wewadine kang wutah,
mbuntut-arit punika pracekanipun,
abener ing pangarepan,
nanging nggarethel ing wuri.

Sabarang kang dipunucap,
nora wurung amrih oleh pribadi,
iku labuhan tan patut,
aja anedya nulad,
ing wateking nenem prakara puniku,
sayogyane ngupayaa,
lir mas tumimbul ing warih.

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s