Serat Wulangreh Pupuh Gambuh

Serat Wulangreh ana 13 pupuh tembang kang isine yaiku tembang Dhandhanggula 8 pada, Kinanthi 16 pada, Gambuh 17 pada, Pangkur 17 pada, Maskumambang 34 pada, Megatruh 17 pada, Durma 12 pada, Wirangrong 21 pada, Pucung 23 pada, Mijil 26 pada, Asmarandana 28 pada, Sinom 33 pada, lan Girisa 25 pada. Dene isine serat Wulangreh pupuh Gambuh iku mujudake pepacuh/larangan nindakaken piawon/kejahatan. Dene pupuh Gambuh jangkepe kaya ing ngisor iki :

G A M B U H

Sekar gambuh ping catur,
kang cinatur polah kang kelantur,
tanpa tutur katula-tula katali,
kadaluwarsa katutuh
kapatuh pan dadi awon.

Aja nganti kebanjur,
barang polah ingkang nora jujur,
yen kebanjur kojur sayekti tan becik,
becik ngupayaa iku,
pitutur ingkang sayektos.

Pitutur bener iku,
sayektine kang iku tiniru,
nadyan metu saking wong sudra papeki,
lamun becik wurukipun,
iku pantes sira anggo.

Ana pocapanipun,
adiguna adigang adigung,
pan adigang kidang adigung pinasti,
adiguna ula iku,
telu pisan mati sampyoh.

Sikidang umbagipun,
angendelaken kebat lumpatipun,
pan si gajah angendelken gung ainggil,
ula ngendelaken iku,
mandine kalamun nyakot.

Iku upamanipun,
aja ngendelaken sira iku,
suteng Nata iya sapa ingkang wani,
iku ambege wong digung,
ing wusana dadi asor.

Adiguna puniku,
ngadelaken kapinteranipun,
samubarang kabisan dipun dheweki,
sapa pinter kaya ingsun,
tugging prana ora injoh.

Ambek adigang iku,
angungasaken kasuranipun,
para tandang candala anyenyampahi,
tinemenan boya purun,
satemah dadi geguyon.

Ing wong urip puniku,
aja nganggo ambek kang tetelu,
anganggoa rereh ririh ngatiati,
den kawang-kawang barang laku,
den waskitha solahing wong.

Dene katelu iku,
si kidang suka ing patinipun,
pan si gajah alena patinireki,
si ula ing patinipun,
ngendelken upase mandos.

Tetelu nora patut,
yen tiniru mapan dadi luput,
titikane wong anom kurang wewadi,
bungah akeh wong kang ngunggung,
wekasane kajalomprong.

Yen wong anom puniku,
kakehan panggunggung dadi kumprung,
pengung bingung wekasane pan angoling,
yen den gunggung muncu-muncu,
kaya wudun meh mecothot.

Ing wong kang padha nggunggung,
mung sepele iku pamrihipun,
mung warege wadhuk klimising lathi,
lan telese gondhangipun,
reruba alaning uwong.

Amrih pareka iku,
yen wus kanggep nuli gawe umuk,
pan wong akeh sayektine padha wedi,
tan wurung tampa pisungsung,
adol sanggup sakehing wong.

Yen wong mangkono iku,
nora pantes cedhak mring wong agung,
nora wurung anuntun panggawe juti,
nanging ana pantesipun,
wong mangkono didhedheplok.

Aja kakehan sanggup,
durung weruh tuture agupruk,
tutur nempil panganggepe wruh pribadi,
pangrasane keh wong nggunggung,
kang wus weruh amelengos.

Aja nganggo sireku,
kalakuwan kang mangkono iku,
nora wurung tinitenen den cireni,
mring pawong sanak sadulur,
nora nana kang pitados.

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s